A. Kasusastran kang
tinemu ing gendhing :
1.
Cakepan yaiku syair, tetembungan kang dienggo ing tembang.
2.
Cengkok yaiku lak luking swara kanggo nglagokake tembang.
3.
Gendhing yaiku swara lelagoning gamelan
4.
Gamelan yaiku piranti karawitan kanggo ngiringi tembang. kayata : bonang, kendhang,
gong kempul, gender, gong gedhe, peking, demung, saron, kenong, slenthem,
gambang, rebab, siter, lsp.
5.
Laras yaiku rasa thinthingane swara cendhak nganti swara dhuwur.
6.
Titi laras yaiku angka minangka gantine laras (swara cendhak
tekan swara dhuwur).
7.
Pathet yaiku ukuran cendhek lan dhuwure swara kanggo nglagokake tembang.
8.
Pedhotan yaiku pamedhoting swara ing tengahing tembang ing saben larik.
9.
Senggakan yaiku unen–unen mawa lagu ing satengahing tembang
kang binarung swaraning gendhing/pradangga
10. Swarawati yaiku waranggana, pesindhen, penyanyi
putri.
11. Wiraswara yaiku penyanyi kakung
12. Gerong yaiku tembang kang dilagokake bareng karo
gamelan kanggo mbarengi gendhing, dene sing gerong para wiraswara/pradangga.
13. Sindhenan yaiku tetembangan kang dilagokake dening
waranggana utawa pesindhen binarung swaraning gamelan/lelagoning gendhing.
14. Irama yaiku ukuran rindhik rikating penabuhing
gamelan.
15. Bawa yaiku tembang kang kanggo mbukani
gendhing utawa miwiti gendhing tanpa tabuhan.
16. Buka yaiku tetabuhan kang kanggo bukani/amiwiti gendhing
Panganggone tembang macapat
iku ing kasusastran, mesti
bae kudu ngelingi watake siji-sijine tembang.
Watake Tembang :
1. Kinanti : seneng, asih, tresna. Mathuke
kanggo medarake piwulang, carita asih tresna, gandrung
2. Pucung : kendo, tanpa greget saut. Mathuke kanggo ing
carita kang sajak mung sakapenake.
3. Asmarandana : sengsem, sedih, prihatin, nanging sedih utawa prihatin kang marga ketaman
ing lara asmara. Mathuke kanggo ing carita kang isine nawung asmara.
Midjil : wedaring rasa. Mathuke kanggo ing carita isi pitutur, ati-ati, waspada.
5. Maskumambang : nalangsa keranta-ranta. Mathuke kanggo
medharake rasa-pangrasa kang ngeres, nggreges, nalangsa keranta-ranta.
6. Pangkur : sereng. Mathuke kanggo carita kang ngemu
surasa sereng, sajak gregeten. Yen pitutur sing sereng semu srengen, uga kanggo
carita perang.
7. Sinom : grapyak, renyah. Mathuk kanggo sesorah,
carita kang isine pitutur.
8. Dhandanggula : luwes. Bisa kanggo medarake piwulang.
9. Durma : galak, muntab. Mathuk kanggo medarake
rasaning ati nepsu.
10. Gambuh : rumaket, kulina, wanuh-wani. Mathuk
kanggo medarake pitutur kang rada sereng amarga wis keduga, lan lumrahe nganggo
basa ngoko.
11. Megatruh : sedih, kingkin kaworan nglokro (putus
asa). Kanggo medharake rasa getun, nalangsa keranta-ranta.
PAKEM TEMBANG MACAPAT
(Guru gatra, guru wilangan, guru lagu)
(Guru gatra, guru wilangan, guru lagu)
NO
|
SEKAR
|
GURU GATRA
|
GURU WILANGAN, GURU LAGU
|
1
|
MASKUMAMBANG
|
4
|
12i, 6a, 8i, 8a
|
2
|
MIJIL
|
6
|
10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u
|
3
|
KINANTHI
|
6
|
8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
|
4
|
SINOM
|
9
|
8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
|
5
|
ASMARADANA
|
7
|
8i, 8a, 8a, 8a, 7a, 8u, 8a
|
6
|
GAMBUH
|
5
|
7u, 10u, 12i, 8u, 8o
|
7
|
DHANDANGGULA
|
10
|
10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a
|
8
|
DURMA
|
7
|
12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i
|
9
|
PANGKUR
|
7
|
8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
|
10
|
MEGATRUH
|
5
|
12u, 8i, 8u, 8i, 8o
|
11
|
POCUNG
|
4
|
12u, 6a, 8i, 12a
|
Nyurasa tembang macapat :
Nyurasa saka tembung surasa kang tegese teges, maksud, karepe (kw)
nikmat utawa enak banget. Dados nyurasa tembang macapat duwe teges nggoleki
maksud utawa teges (maknane) tembang, supaya tembang kasebut bisa dinikmati (diresepake) lan bisa dadi pitutur.
Kanggo nyurasa tembang macapat,
ana bab-bab kang perlu digathekake yaiku :
1.
Menawa ana tembung andhahan digoleki tembung
linggane dhisik
2.
Nggoleki tegese saben tembung sing ana ing sajrone
tembang
3.
Ngganti tembung-tembung iku kanthi basa kang luwih
gampang ditampa
4.
Nggandengake tembung-tembung iku dadi ukara kang
trep karo isine tembang
Pangajabe nalika bisa
nyurasa tembang bakale bisa ngrasakake lan mangerti apa kang dadi kekarepane
tembang kasebut lan pungkasane bisa njupuk piwulange.
Tuladha :
MIJIL
Poma kaki padha dipun eling
Ing pitutur ingong
Sira uga satriya arane
Kudu anteng jatmika ing budi
Ruruh sarta wasis
Samubarang tanduk
Ing pitutur ingong
Sira uga satriya arane
Kudu anteng jatmika ing budi
Ruruh sarta wasis
Samubarang tanduk
Tembung sing angel
Poma kaki = bocah – bocah,
anak-anakku
Jatmika = kepribaden,
tansah nganggo tata trapsila
Ingong = wong tuwa,
ingsun (wong kang luwih tuwa)
Ruruh = sabar, andhap asor
Wasis = pinter, julig
Tanduk = polah tingkah,pratingkah, patrap anggone tumandang
Surasane :
Bocah –bocah kabeh kudu eling
pituture wong tuwa
Kowe iku uga diarani satriya
Kudu anteng lan duwe kapribaden sing becik
Alus ngerti tatakrama lan pinter
Ing sakabehe.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar