GAME PEER

Selasa, 05 April 2016

PRANATA CARA LAN SESORAH



Sugeng rawuh Ing adicara gladen Sesorah lan Pranatacara
·       Pranatacara :  Asring dipun sebat Master Of Ceremony, Pambiwara, Pranata adicara, Pranata titi laksana, Pranata Laksitaning Adicara: Paraga ingkang tinanggenah nata cara utawi acara, bakuning ayahan nglantaraken cakcakaning acara utawi adicara wonten ing pepanggihan, pasamuwan ingkang sampun rinantam. 
·       Pranatacara nyepeng ayahan ingkang ageng, dados punjering kawigatosan, amargi regeng, rancag, nges lan mmbotenipun satunggaling adicara saperengan ageng dados tanggel jawabipun pranatacara.
·       Soksintena kemawon para paraga ingkang magepokan kaliyan lampahing adicara utawi pawiwahan mboten saged tumindak piyambak-piyambak menawi dereng wonten atur saking pranatacara.
·       Sejatosipun pakaryan pranatacara mekaten sanes setunggiling pakaryan ingkang awrat, awit saksintena kemawon priyantun ingkang mmboten nandang tuna wicara utawi ingkang kedaling lesan mmboten cetha, tamtu saget nindakaken pakaryan pranatacara kasebut. Ananging ingkang kathan sami ajrih dhumateng tuna dungkaping basa. Ananging babagan menika mmboten ndadosaken pepalang, amargi basa mekaten kathah sanget pocapanipun, pramila setunggal lan sanesipun priyantun saged ngginakaken basa ingkang pundi kemawon, jer leres pikajenganipun cak cakanipun, saha gampil kasuraos dening saksintena ingkang midangetaken. 


Ancasipun Sesorah Munapadene Pranatacara
·           Kangge nyaosi pengertosan dumateng tiyang sanes
·           Kangge nyaosi karemenan dhumateng ingkang kepareng midhangetaken
·           Kangge paring pemanggih utawi pendirian ingkang mirengaken supados kersoa tumindak ingkang dipun suwun dening pamedhar pangandikan


Amrih Dados Pranatacara Saged Lumampah Sae
·           Swara
·           Busana (Ageman)
·           Subasita (Trapsila)
·           Basa lan Sastra


Swara
·           Kedaling lesan kedah kagladhi, supados saged langkung cetha medaling swanten. Pranatacara saha pamedhar sabda kedah saged mapanaken utawi ngginakaken swanten ingkang awrat, cekapan, utawi inggil trep kaliyan swasana.
·           Pangolahing suwanten, kedah wajar, cetha, teges mboten ketawis sanget menawi dipun olah kanthi (hiperbola)
·           Inggih babagan swanten menika, pranatacara saha pamedhar sabda kedah wigatos dhateng swaraning aksara swara (ucapan), langkung-langkung beda-beda mingsad-mingsedipun ing tembung lingga saha tembung andhahan.
·           Wirama (lagu) ugi kedah kagladhi kanthi saestu supados sekeca dipun mirengaken. Kados pundi rindhik rikatipun, mandhap minggahipun, sampun ngantos kesesa, ananing ugi sampun ngantos nglentreh sanget.
·           Galadhi olah swara punika kedah pikantuk kawigatosan ingkang mirunggan, amargi punika dados satunggiling sarat baku kagem pranatacara saha pamedhar sabda.     



Busana (Ageman)
·           Ajining raga gumantung busana, mila babagan busana punika ugi kedahipun gladhi saengga jejibahan pranatacara saha pamedhar sabda saged kalaksanakaken kanthi sae
·           Anggenipun ngadi busana kedah kajumbuhaken kaliyan keperluanipun wonten ing upacara punapa ingkang badhe dipun ayahi.
·           Jejering  pranatacara saha pamedhar sabda  saged katingal ngrengreng menawi rinengga ing swanten, raga lan busana ingkang pantes.
·           Pangudining busana saged ngetrapaken kaliyan rupi utawi wernining busana kaliyan kulit, ugi make up, saengga katingal pantes kaliyan papan panggenan, mboten nyolok tuwin samadya kemawon



Subasita (trapsila)
·           Trapsila (tata krami) kedah dipun gladi ingkang sae, amargi trapsila ingkang kirang, saged ngirangi kawibawanipun pranatacara saha pamedhar sabda
·           Solah bawa sampun ngantos kadamel-damel. Langkung sae bilih solah bawanipun prasaja kemawon, anteng, manteb ananging mboten kaken (Kaku)
·           Ewah-ewahanipun pasuryan ugi kedah kaudi ingkang sedaya wau sageda nggambaraken isining penggalih, ingkang lajeng jumbuh kaliyan swasana. Kadosta, bilih wonten ing pawiwahan saha pahargyan pasuryan bingar, sumringah lan ramah awit prastawa menika wau ngemu suraos suka, kabagyan, saha kabingahan.
·           Wondene menawi wonten ing sripah, pasuryan kedah mboten ketingal bingar, utawi sumringah, amargi punika tamtu mboten jumbuh kaliyan swasana saha raos manah kulawarga ingkang nembe nandhang duhkita utawi duka sungkawa.



Basa Lan Sastra
·           Basa lan sastra ngawujudaken kabetahan ingkang baku tumrapipun priyantun ingkang nembe ngayahi tugas utawi jejibahan dados pranatacara saha pamedhar sabda
·           Basa ingkang kaginakaken kedah miturut tuntunaning sastra ingkang leres. Pamilihing tembung, ingkang lajeng dipun ronce dados ukara kedah trep, luwes, sae, wusana sekeca kamirengaken ing asanes.
·           Kanthi pangertosan pranatacara saha pamedhar sabda saged ndapuk mocap, tembung, ukara saha wacana kanthi leres tuwun laras.
·           Laras tegesipun pranatacara sahapamedhar sabda saged ngrantam saha mbabar titilaksana trep kaliyan kawontenan saha swasana
·           Leres tegeipun pranatacara saha pamedhar sabda saged ngginakaken basa ingkang trep kaliyan paramasastranipun.
·           Ingkang menika pranatacara saha pamedhar sabda saget lumebet ing pawiyatan utawi saged maos piyambak buku-buku ingkang ngemot kawruh paramasastra kasebat.


Supados saged pikantuk kasil pakaryan ingkang sae,kedah kagungan pathokan-pathokan kangge nindakaken pakaryan pranatacara saha pamedhar sabda punika
·           Ing babagan basa, mugi kaginakaken basa ingkang trapsila, wijang prasaja ananging gampil katampi dening para tamu (ingkang midangetaken) sarta sakeca kapiarsa
·           Tanggap ing kawontenan, supados pahargyan saged regeng
·           Mangertosi rantaman-rantaman badhe tumapaking adicara kanthi permati, sarta kedah tanggap ing kawontenan
·           Mangertos asma-asma para paraga ing salebeting pawiwahan kanthi jangkep sak imbuhanipun
·           Tansah sesambetan kaliyan kadang pranata swara, supados nyamektakaken gendhing ingkang jumbuh kalihan lampahing acara
·           Tansah sesambetan kaliyan poranparaning pawiwahan (ketua panitia) supados enggal mengertosi mbok bilih wonten ewah-ewahan adicara
·           Trengginas mutusaken samukawis murih pawiwahan mboten ketinggal kisruh


Sikap sarira ingkang kirang mranani
·           Jumeneng kanthi lelambaran suku setunggal
·           Jumeneng kanthi suku sakelengkung rapet
·           Jumeneng kanthu suku sakelangkung mekar
·           Jumeneng kanthi loyo/mmboten wonten semangat
·           Jumeneng kirang imbang
·           Jumeneng kanthi lelendhetan papan wicara
·           Ngewah-ewah sarira
·           Jumeneng mmboten jenjem
·           Jumeneng kaku
·           Jumeneng mmboten nggatosaken  papan panggenan


Ewah-ewahan pasuryan ingkang mboten mranani
·           Gumujeng ingkang dipun damel-damel
·           Asring mesem
·           Mbesengut
·           Tumungkul
·           Gugup


Ewah-ewahan sarira ingkang mboten mranani
·           Asring ngebahaken satunggaling perangan sarira
·           Ngebahaken perangan sarira kanthi tidha-tidha
·           Ngebahaken perangan sarira kanthi mboten trep kaliyan ingkang dipun ngendikakaken
·           Asring ngukur talingan
·           Nglebetaken asta wonten ing sak clana
·           Asring mirsani cathetan
·           Asring ningali nginggil
·           Mmboten nggatosaken ingkang midhangetaken


Sesorah lan pranatacara ugi kedah migatosaken babagan
·           Sora lan mmbotenipun suwanten
·           Iramaning swanten
·           Swasananing suwanten ingkang laras kaliyan kawontenan


Tanggap wacana kedah kamot perkawis ingkang sampun urut
·           Salam pambuka
·           Purwaka
·           Isi
·           Wigati (kesimpulan)
·           Pangajeng-ajeng
·           Wusana/purna/Akhir/Entek-entekan


Katerangan  Urutaning Tanggap wacana
·           Salam pambuka: inggih punika ngaturaken salam ingkang sepisan, kadosta, assalamualaikum…wr…wb…salam sejahtera untuk kita semua
·           Purwaka: inggih menika atur matur nuwun dhumateng para tamu undangan saha atur syukur dhumateng Alla Swt, dlsb
·           Isi: inggih menika sedaya perkawis ingkang dipun wedharaken
·           Wigati: inggih menika inti saking ingkang sampun dipun wedharaken
·           Pangajeng-ajeng: inggih punika pitedah-pitedah saha pangejeng-ajeng ingkang dipun wedharaken dhumateng para ingkang midhangetaken
·           Wusana: inggih punika, atur panuwun saha nyuwun pangapunten bilih wonten kekirangan saha kalepatan anggenipun ngaturaken tanggap wacana.    

Tidak ada komentar:

Posting Komentar