Tembang Macapat uga
diarani tembang cilik yaiku tembang kang duwe paugeran pupuh (bait), guru
gatra (cacahing larikan), guru wilangan (cacahing wanda = suku
kata), lan guru lagu (tibaning swara saben pungkasaning gatra/larikan tembang) utawa
dong ding.
utawa
Macapat iku tembang tradhisional ing
tanah Jawa. Saben bait macapat nduwèni baris kalimat sing diarani gatra,
lan saben gatra nduwé sawetara guru wilangan (suku kata) tinamtu, lan
dipungkasi nganggo uni pungkasan sing diarani guru lagu. Macapat kanthi
jeneng sing béda uga bisa ditemokaké jroning kabudayan Bali, Sasak, Madura lan
Sunda
KAGUNANE :
- Nyampekake/ngandharake pitutur
- Ngemu carita (membawakan cerita)
- Nyritakake fenomena alam, kabudayan, lan prilaku manungsa
Sekar Macapat utawa Sekar Alit
Macapat iki uga sinebut tembang macapat
asli, kang umumé dienggo sumrambah ing ngendi-ngendi. Para Wali Songo migunakake
tembang macapat kanggo sarana dakwah kang diprakarsani Sunan Bonang, Sunan
Kalijaga, Sunan Drajat sarta Sunan Kudus.
Urut-urutané tembang Jawa iku padha karo lelakoning manungsa
saka bayi abang nganti tumekaning pati.
Aturan-aturan jroning macapat
Guru gatra : wilangan larik/gatra saben pada
(Indonesia : bait).
Guru wilangan : wilangan wanda (Indonesia : suku kata) saben gatra.
Guru lagu : tibané swara wanda ing pungkasan ing
saben gatra.
Watak lan pangangone tembang macapat
Maskumambang
Yaiku nuduhake gambarane manungsa kang
isih ana alam ruh, kang manggon ing njerone rahim (gua garbane ibu), lan
ing wektu Gusti Kang Maha Kuasa menehi pitakon marang ruh-ruh mau : “Alastu
bi Rabbikum” (AKU iki Pangeranmu/Gustimu ta?), lan para ruh mangsuli : “Qoolu
Balaa Sahidna” (Leres, ya Allah Panjenengan Pangeran/Gusti kula, lan
kula pinangka seksinipun)
Uga nggambarake jabang bayi sing isih ana
kandhutane ibu, sing durung kawruhan lanang apa wadon. Mas tegese durung
weruh lanang dan wadon. Kumambang tegese uripe ngambang ing kandhutane ibune.
Melambangkan embrio yang masih dalam
kandungan ibunya, yang belum diketahui laki atau perempuan. Mas, artinya belum
diketahui laki atau perempuan, sedangkan Kumambang, artinya hidupnya masih
dialam kandungan ibundanya.
Mijil
Nuduhake ilustrasi proses laire manungsa
(mijil/mbrojol/mencolot lan njedhul). Ana sing mbojol ing India, China,
Afrika, Eropa, lan Amerika sarta Negara liyane. Mula saka iku awake kudhu muji
syukur ing ngarsane Gusti amarga kalairake ing BUMI PERTIWI sing mbiyen
kaaran panggonan kang GEMAH RIPAH LOH JINAWI TATA TENTREM KERTA RAHARJA
LIR ING SAMBIKALA (Subur makmur, aman tenteram dan damai sejahtera
serta terbebas dari bencana). Ora dilairake ing ing Somalia utawa Ethiopia
sarta Negara kang kakurangan gizi.
Ateges wis lahir jabang bayine
wujud lanang apa wadon
Artinya sudah lahir didunia jenis kelamin
laki atau perempuan.
Kinanthi
Saka tembung kanthi utawa tuntun,
kang ateges dituntun supaya bisa mlaku ngambah
panguripan alam ndonya. Panuntun iku kang paling utama saka keluarga (ibu lan
bapa), lingkungane dolan, sekolah lan sapiturute, uga dhasaring agama
(ageman/klambi). Ora ana gunane manungsa wasis tanpa dhasaring agama bener lan
pener bakal agawe ndonya bakal cilaka lan kapitunan.
Berasal dari kata kanthi atau menuntun,
yang artinya dituntun supaya dapat berjalan didunia ini.
Sinom
Tegese kanoman, minangka
kalodhangan sing paling penting kanggone remaja supaya bisa ngangsu kawruh sak
akeh-akehe. Mumpung isih enom goleka ilmu (ndonya lan akherat) kang akeh kang
migunani kanggo sangune urip ing alam ndonya iki, sebab ora mung cukup banda
donya bae kang bisa kangge mulyani agesang (Gusti Allah bakal ngundhakake
derajate wong-wong kang duwe ilmu satingkat luwih dhuwur tinimbang liyane)
Artinya pemuda/remaja, disini yang
terpenting bagi remaja agar bisa menuntut ilmu yang setinggi-tingginya.
Asmaradana
Tegese rasa tresna, tresna marang
liyan (pria lan wanita) kang kabeh mau wis dadi kodrat Illahi. Nggambarake wis
wancine (wektune) manungsa nandhang kasmaran kang wis dadi krodrate manungsa
bakal tuwuh rasa seneng marang liyane, ananing aja nganti nglalekake tresna
kita marang Gusti Kang Maha Agung.
Tresna iku anugrahe Gusti Kang Maha
Kuwasa “ …. Waja’alna bainakum mawwaddah wa rahmah, inna dzalika
la’aayatil liqouni yatafakaruu ….” (…. Lan takdadekake ing antarane
kowe kabeh rasa tresna lan welas asih, saktemene ing njerone pinangka
tandha-tandha (ka-Agungan-Ku) tumrape kaum kang mikir)
Artinya mempunyai rasa cinta kasih kepada
sesamanya baik itu pria maupun wanita, karena semua itu sudah merupakan
kehendak/kodrat Yang Maha Kuasa.
Gambuh
Saka tembung jumbuh/sarujuk/nyawiji
kang ateges yen wis jumbuh/sarujuk njur digathukake antarane pria lan wanita
sing pada nduweni rasa tresna mau, ing pangangkah supaya bisaa urip bebrayan.
Kang utama sajroning urip bebrayan
mligine keluarga iku kudu : “Hunna li baasulakum, wa antum libaasu lahum”
(bojo-bojomu iku pinangka klambi tumrap kakunge, lan kowe pinangka klambi
tumrap dheweke), ing kekarepan para keluarga kudhu njaga kahormatane sisihane,
ora oleh nggumbar alane bojone marang sapa bae kang nyebabake miyak alane
dhewe.
Berasal dari kata nyambung/sesuai yang
artinya kalau sudah pas selanjutnya dijodohkan antara pria dan wanita yang
sudah saling mencintai, dengan harapan dapat menjalin kehidupan yang langgeng.
Dhandhanggula
Nggambarake wong kang lagi seneng-senenge,
apa kang digayuh bisa kasembadan. Kelakon duwe sisihan/keluarga, duwe omah,
urip cukup kanggo sakkeluargane. Mula kuwi wong kang lagi bungah/bombong atine
bisa diarani lagu dhandhanggula.
Kepinginan iku sumber kasangsaran. Urip
kang bahagia iku kuncine rasa syukur, yaiku tansah syukur marang Gusti marang
sakabehing peparinge kang ora bisa kita itung cacahe.
Menggambarkan seseorang yang berbahagia,
apa yang dicita-citakan dapat terlaksana. Terlaksana mempunyai pasangan,
mempunyai rumah, kehidupan yang kecukupan untuk keluarganya. Makanya seseorang
yang sedang menemukan kebahagiaan dapat diibaratkan lagunya dhandhanggula.
Durma
Saka tembung darma/weweh/shodaqoh. Wong yen wis rumangsa kacukupan uripe banjur tuwuh rasa welas
asih marang kadang mitra liyane kang lagi nandhang kacintrakan, mula banjur
tuwuh rasa kepingin darma/weweh marang sapadha-padha. Kabeh mau disekunyung uga
saka piwulange agama lan watak sosiale manungsa.
“sing sapa wonge gelem
ngentheng-enthengake kasusahae sedulre nalika ing ndonya, Gusti Allah bakal
ngentheng-enthengake ing akherate”
Berasal dari kata pemberi. Seseorang yang
merasa kecukupan hidupnya kemudian tergugah rasa kasihan kepada sanak saudara
yang sedang menderita, makanya tergugah ingin membantu dan memberi pertolongan
kepada siapa saja. Semua itu diberikan pertolongan sesuai ajaran agama dan rasa
sosialnya kepada sesama.
Pangkur
Saka tembung mungkur kang ateges,
nyingkiri hawa nepsu angkara murka, kang dipikir tansah kepingin weweh
sapadha-padha.
Wong kang wis bias meper hawa nepsune,
among duwe pepinginan luwih cedak lan raket marang Gustine. Ora mbutuhake
misuwure awake ananging bias migunani kanggo sadaya titah.
Berasal dari kata meninggalkan yang
artinya menghindari hawa nafsu yang angkara murka, semua yang dipikirkan
senantiasa berkeinginan membantu kepada sesamanya.
Megatruh
Saka tembung megat roh utawa pegat
rohe/nyawane, awit wis titi wancine katimbalan marak sowan mring Sing Maha
Kuasa. Sowane Gusti awake dhewe sing nemtokae kepingin bali ing ngarsane Gusti
kanthi BECIK utawa ALA gumantung amal lan panggawene ing alam ndonya.
“Kullu nafsin dzaaiqotul maut” (saben-saben jiwa mesthi bakal mati).
“Kullu man alaiha faan” (saben-saben jiwa mesthi bakal musna).
Berasal dari kata lepas rohnya atau mati,
karena sudah saatnya dipanggil menghadap kepada Yang Maha Kuasa.
Pucung/Pocung
Yen wis dadi layon/mayit banjur
dibungkus mori putih utawa dipocong diusung dipanggul kaya raja kang mung siji
panggonane manungsa kang wis mati omah guwa tanpa lawing tanpa jendela, tanpa
rowing tanpa kanca. Apa kang bisa kita gawa among mori lan amal sarta
pratinggkahe awake dhewe rikala isih diparingi yuswa.
“Innaka mayyitun wainnahum mayyituuna” (saktemene kowe kabeh bakale mati)
Kalau sudah menjadi bangkai kemudian
dibungkus dengan kain putih atau dipocong sebelum dikebumikan.
Mugi-mugi mupangat, supados lestari budaya bangsa.
Mugi-mugi mupangat, supados lestari budaya bangsa.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar