Ing bab ningkah cara Jawa, ana
sawetara pakulinan mligi kang katindakake, gayut karo kang diningkahake.
Dheweke iku statuse ana ing kulawarga kepriye. Upamane: randha apa
dhudha, anak barep apa wuragil, nglangkahi, lan liya-liyane. Upacara
mligi kang sok-sok ditindakake upamane:
Upacara Bubak Kawak
Upacara bubak kawak iki katindakake
nalika ijabe anak barep. Upacara panggih tetep dianani. Mung wae ing
kene bapakne manten putri ngombe rujak degan. Sawise ibune manten putri
menehi rujak marang bojone lan banjur diombe, tumuli nakoni: “Apa rujake
kurang enak?” Diwangsuli: “ Rasane enak lan seger!” Rujak mau banjur
diwenehake marang kang wadon maneh, supaya melu ngicipi. Sawuse
ngrasakake nuli kandha: “ Pancen nyata rujak degan iki enak lan seger”.
Sabanjure rujak mau diwenehake marang manten sakloron supaya padha
ngicipi.
Upacara Tigas
Upacara tigas iki mung mligi ditindakake ana ing akad nikah antarane jaka lan prawan lan tetep nganggo upacara Panggih.
Upacara Langkahan
Upacara langkahan iki katindakake
manawa calon manten putri anggone ningkah luwih dhisik katimbang
kakangne kang durung ningkah. Sadurunge akad nikah, calon manten putri
kudu jaluk idin marang kakangne kang dilangkahi. Tumindake bab iki
lumrahe diwiwiti sadurunge midadareni. Jalaran upacara iki asipat
mirunggan, mula lumrahe mung sineksenan dening kulawarga. Biyen upacara
iki ditindakake ing sangareping senthong utawa kamar tengah, nanging
samengko iki katindakake ing kamar manten.
Sadurunge upacara langkah katindakake,
kakangne utawa bakyune siyaga nganggo dandanan jawa lan lungguh sila
utawa timpuh ing papan kang wis dicawisake. Dene urut-urutane tumindak
mangkene:
1. Calon manten ngadhep kakang utawa
mbakyune kanthi lungguh timpuh lan nuli nyembah sinambi kandha utawa
ngomong: “Kangmas utawa mBakyu, kula nyuwun idin badhe ngrumiyini
lumampah, saha nyuwun pangestu, mugi-mugi lampah kula kekalih samangke
dumugi papan kang kula sedya lan manggih seneng, tinebihna ing rubeda
sambekala, Amin.”
2. Sawise ngucap mangkono mau, nuli
calon manten sungkem karo ngambung dhengkule tengen dikantheni niat
utawa sedya kang tandhes temenan. Kangmase utawa bakyune nampa sarana
numpangake tangane ana ing pundhake kiwa tengen adhine sarana numpangake
tangane ana ing pundhake kiwa tengen adhine sinambi mangsuli: “ Dak
paring idin lan palilah lumakua dhisik, slamet ora kurang sawiji apa,
tekan papan kang kok tuju. Muga-muga Gusti Kang Maha Agung tansah
maringi seneng ing sapandhuwure lan aku enggal nututi. Amin.” Nuli calon
manten lungguh maneh ing papan sekawit banjur masrahake sanggan kang
wujud: pisang raja, kembang telon lan benang lawe sarta tali asih utawa
tandha mata, bisa wujud apa wae.
Upacara Tumplak Punjen
Upacara tumplak punjen lumrahe
ditindakake nalika wektu ijab kanggo anak wuragil. Sarat-sarat kudu
dicukupi ing upacara tumplak punjen iki yaiku gawe kanthongan-kanthongan
cilik kang nuli diiseni: dhuwit receh utawa logam, empon-empon, beras
kuning, lan kembang sritaman. Ngenani akehe dijumbuhake karo kekuwatane.
Kabeh kanthongan cilik-cilik mau dicemplungake bokor kang uga isine
padha karo kanthongan cilik-cilik mau. Sabanjure kanthongan-kanthongan
cilik mau didum-edumake dening ibune manten maranng anak-anake kabeh,
wiwit saka kang barep tekan wuragil kang bakal dadi manten. Turahane
diwenehake marang para tamu. Sabanjure wiji-wiji kang ana ing bokor
siyaga kasebar kanggo putu-putune kareben ora ana kang keri. Upacara
tumplak punjen iki ditndakakake sadurunge upacara sungkeman. Persise
sawise upacara kacar-kucur utawa tampa kaya lan sadurunge wong tuwane
manten kakung dipethuk.
Upacara Macul Tumpeng
Upacara macul tumpeng iki katindakake
wektu ijab antarane sedulur misan utawa nunggal embah buyut lan manut
sarasilah manten wadon luwih tuwa katimbang manten kakung.Tumindake kudu
di dhisiki nganggo sarat manten kakung macul tumpeng, sabanjure kanthi
ngadeg nrajang benang lawe. Upacara iki ditindakake sadurunge upacara
panggih.
Suwalike menawa manut salasilah, manten
kakung luwih tuwa katimbang manten putri, mula manten kakung ora kudu
macul tumpeng, ananging cukup srana nrajang bolah lawe wae. Sawise iku
ditindakake upacara panggih.
Upacara Nyiram Bugel
Nalika sajroning nindakake akad nikah
mantene wadon wis randha, nanging durung duwe anak ( randha kembang)
sarat kang kudu dilakoni yaiku manten kakung nyiram bugel, yaiku kayu
kang wis diobong kanggo olah-olah lan isih mengangah ( ana genine).
Upacara iki katindakake ing sangarepe lawang, sadurunge upacara panggih.
Suwalike Manawa kang nindakake ijab antarane prawan karo dhudha durung
anak-anak, kang nindakake nyiram bugel manten putri, uga ana ngarep
lawang sadurunge upacara panggih.
Prasetyono, Dwi Sunar. 2003. Tata Cara Paes lan Pranatacara Gagrag Ngayogyakarta. Yogyakarta: Absolut
saking : http://www.sastrajawa.com/maneka-warna-upacara-mligi-kanggo-mimbuhi-kawruh-bab-upacara-ningkah-cara-jawa/#more-259
Tidak ada komentar:
Posting Komentar